Jumat, 26 Juli 2013

Babad Serenan

1. Dhandhanggula
1. sêkunging tyas dera mrih mêmanis | paripêksa mêsu ngapus gita | ingkang ginupita ing rèh | duk Kangjêng Pangran Prabu | Prangwadana arsa cangkrami | manumpu rumponira | Serenan kang kêdhung | nèng marga badhe misaya | dene wadya santana lan para ari | mung bêkta sawatara ||
2. tinamtokkên angkatira ari |
--- 98 ---
Kêmis Êpon patlikur kang tanggal | wulan Rêjêb taun Ehe | katiga mangsanipun | toya asat wus wolung sasi |[1] yeka sangkalanira | ya ta kang winuwus | jêng pangran nararya putra | angkatira wanci pukul gangsal enjing | sawadya nitih rata ||
3. asri tinon ing samargi-margi | sinarêng kras lampahe kang rata | pangirid sru panandêre | tan dangu nulya rawuh | Panambangan Bacêm Sang Pêkik | Jêng Pangran Gôndatmaja | wus dangu nèng ngriku | mranata rakiting palwa | sarawuhe kang rayi dèn palajêngi |
--- 99 ---
nambrama anoraga ||
4. ingaturan kang rayi anitih | palwa naga arêgu rinêngga | pinulas mêlês warnane | sisik pinrada luru | cawi krêsna tumrap ing wilis | jamang pindha kancana | amrabawa barung | ing gigir sinung bandera | wingking ngarsa jinumbuh sutra warna tri | gêdhah seta myang rêkta ||
5. môngka panambramaning kang nitih | dadya ngatag glising lumaksana | mangkana ta sêsampune | pra wadya minggah prau | pangran raka tinuduh dening | sang maha winong praja | amranata wadu | myang ngrakit glaring wisaya | tanggap risang sinung agnya awigati |
--- 100 ---
tandya amatah karya ||
6. kinarya glar prit anêba dadi | mangkat jaring-jaring sundhit jala | karakit-rakit wurine | têtindhihira sinung | satriya kang waskithèng warih | Dyanmas Sumawinata | dene kanthinipun | Radèn Mas Dewaasmara | kalihira wus tatal têtela nguni | atul wisayèng mina ||
7. sawurine wau kang nambungi | pradônggangklung ngungkung kumandhangnya | angguguk kêkêndhangane | môngka manggalanipun | santana kang wasis ing gêndhing | Dyanmas Sumawardaya | sambada gung luhur | ngarogok asmu sambrana | lêngkung-lêngkung kaduk calung ngrêspatèni |
--- 101 ---
lêlewa karya suka ||
8. wuri wontên kang sumambung malih | palwa tembo tembak ing narmada | sami kèksi ampilane | yeka pacaranipun | jêng pangeran lan para ari | môngka manggalanira | satriya dibya nung | wignya mangulah warastra | Dyanmas Panji Prawiraningrat kang nami | lan ari Sang Partèngrat ||
9. kalih sami sutèng senapati | kang sumambung wau wurinira | pangran raka sawadyane | prak lawan palwa sangu | saniskara sampun rinukti | santana kang nèng kana | kalih naminipun | Radyan Mas Wiryakusuma | lawan Radèn Jayèngwiryana wêwangi |
--- 102 ---
mandaya ngrukti buja ||
10. nulya Palwa Ki Naga Basuki | titihane sang nararya putra | kamot saupacarane | ingkang sapangkatipun | para wadya datan winarni | amung para wandawa | pinardawèng wuwus | juga Dyanmas Cakrajaya | kalih Dyanmas Panji Widaningrat nami | Sutarman katrinira ||
11. catur Dyanmas Yudasmara wangi | trahing wira wirotamèng rana | Dyan Brôngtajaya limane | kanêm ingkang jêjuluk | Dyanmas Wiraasmara nênggih | Wadana Kartapraja | yeka kang tinuduh | among jêng nararya putra | lan para ri tuwin sagung para dasih |
--- 103 ---
kanthi Sang Sumaningrat ||
2. Kinanthi
1. sakèhe palwa wus kêbut | tan kêna mor amomori | pinôntha sapanthanira | pinatah-patah pribadi | sabên sapangkat sinungan | têtêngêr bandera siji ||
2. angungkung angklung cumêngklung | lir kongkang imbalan muni | wong desa pinggir bangawan | gègèr prasamya ningali | mring satriya kang lêlana | lêlangên urut banawi ||
3. ana wadon kang kasusu | gugup sutane ingindhit | rêndhêt kêndhite karandhat | ing pagêr sinêbrak sêbit | sawênèh ana wanodya |
--- 104 ---
lênggah anèng ing gêgisik ||
4. labête mêntas lêlaku | sayah ngaso sor waringin | kang suku kêkobok toya | lir badhèr milar uminggir | ana malih kênya prapta | dharêsêl milu alinggih ||
5. wong iku dupi andulu | mring palwa ngarsa kang mudhik | eram ing driya têtanya | marang rowangira linggih | wong agung ing ngêndi baya | iya kang cangkrama iki ||
6. wadon kang mêntas lêlaku | ika wus ngrungu pawarti | mangsuli ya iki rara | putra Jêng Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | ginadhang bakal gêntosi ||
7. jêjuluk Jêng Pangran Prabu |
--- 105 ---
Prangwadana iya iki | ingkang ambêk paramarta | ing driya pindha jaladri | wong ika malih wacana | tuduhna aku sing êndi ||
8. apa kang jumênêng iku | nunggoni wong ngêntas jaring | apa kang prak krakab ika | kang wikan nulya mangsuli | iku Panji Dewasmara | santananira sang pêkik ||
9. de kang cêdhak krakab iku | iya dara Dèn Mas Panji | pêparab Sumawinata | karo iku padha wasis | silulup gampèng mèt mina | bêtah nganti têlung bêngi ||
10. padha lawan Kyai Dhiwut | nanging Dhiwut kuna nguni | têlasing para wisaya |
--- 106 ---
ana palwa gembong kèksi | bolang-bolang banderanya | satriyane ngrêspatèni ||
11. jumênêng manglung nyêngunglung | leyangan ongkèk mantêsi | asta kanan malang kadhak | panjang nyangkrang ngagêm caping | wong ika malih têtanya | bakyu sapa katon iki ||
12. satriya nom lêngkung-lêngkung | cêdhak angklung milang-miling | pasuryane ambaranang | kang wikan nabda ya iki | Radên Mas Sumawardaya | adate cucut kêpati ||
13. gone katon rêgu iku | mèt wangun lagi nglurahi | sabêne kowe wêruha | kapingkêl-pingkêl nyakikik | sor Petruke Rêdisuta |
--- 107 ---
cucut lacut nglêliwati ||
14. marma sang nararya sunu | dahat sih tan kêna kari | tindaka mring mrana-mrana | sijiku pêsthi tan kari | awit bisa karya suka | yèn andrawina banyoli ||
15. amèsêm dahat sumaur | nulya wontên kèksi malih | tembo kèh mawa sanjata | satriyane anèng wuri | kèn tanya lah ika sapa | loro lurus pêkik-pêkik ||
16. kang wikan ika sumambung | loro iku para siwi | kang gêdhe sadhepah ngarsa | pêparab Radèn Mas Panji | Prawiraningrat kang raka | kang wingking iku kang rayi ||
17. Partaningrat asmanipun |
--- 108 ---
karo padhambêk basuki | pasaja ing solah bawa | dhasar trahing senapati | têtela nguni kang rama | wus tate labêt nagari ||
18. antara wontên kadulu | tembo mêncil anêngahi | tinon sri rêrêngganira | sampêt upacarèng ngarsi | amot nunggil sabaita | wadon tanya anudingi ||
19. lah baya ta iki bakyu | gusti sang nararya siwi | wangune lir Kakrasana | gumriyêng ngêngrêng rêspati | manthêre cahya prabeda | lan mau kang uwis-uwis ||
20. kang wikan mèsêm sumaur | mèh bênêr gonmu ngarani | iki Jêng Pangeran Raka |
--- 109 ---
Gôndaatmaja wêwangi | tur siwah ing warnanira | nanging pasêmone mirib ||
21. dene kang nunggal saprau | kae ingkang ngampil-ampil | dudu abdi sok abdia | karone santana sami | samangsane têtêdhakan | kadeyan tan kêna kari ||
22. lo kae kang lênggah nyingkrus | kaprênah paman pribadi | Radyan Mas Wiryakusuma | sinapêkêt siyang ratri | wasis lamun angrumpaka | mulane dipun kasihi ||
23. lan kang ana canthik pungkur | kae ya kang paman malih | Dyan Panji Jayèngwiryana | wignya rigên yèn sêsaji | dhasare pêthêl ing karya |
--- 110 ---
wijiling wôngsa pribadi ||
3. Mijil
1. nulya wontên katingalan malih | tembo kang kinrobong | tinon asri bandera warnane | pare mudha amunggul pribadi | katon kang nitihi | cahyane sumunu ||
2. lênggah canthik ngrêgêm sanjata di | wadon malih takon | lah ta bakyu kalo apa kae | gusti ingkang kawêntar asigit | warnane katawis | balengah asêmu ||
3. lan kang pêrak sarigak rêspati | jênar pidêksa nom | kang tinanya aris ing saure | lah ya kae arine sang pêkik | jêjuluking Gusti |
--- 111 ---
Sungranambêk punjul ||
4. santosèng tyas kadarmane mintir | sêngsême sang anom | mangaksama ing sama-samine | suka lêga trus ing lair batin | marma sring tinari | mring raka yèn prêlu ||
5. dene ika ingkang anèng canthik | paman lan sang anom | paman gambèn dene jêjuluke | Arya Suryadarmaja pinuji | entar ingkang budi | paradhahe kaduk ||
6. yeka graning kang wadya kaplêri | myang wasis sêsêndhon | kang kinandhan sidhakêp astane | alon ngucap gusti loro iki | kang sawiji kadi | Sri Wiratha sunu ||
7. Dyan Wratsôngka putra kang wuragil |
--- 112 ---
nalika patêmon | lan Sang Arya Rupakencakane | tan antara wontên katon malih | sinatriya pêkik | nitih palwanipun ||
8. ampilane sanjata nèng ngarsi | wadon ika takon | bakyu sapa ingkang katon kiye | satriya nom baguse kêpati | cahyane kaèksi | tumeja ngênguwung ||
9. ngilangake lêlangên sabumi | lir sasôngka tiron | mau nolèh sadhela marene | tyasku têka kumênyut kêpati | anjêgrig muriring | karingêtku kumyus ||
10. kang sinabdan jawil bisik-bisik | aku ya mangkono | lah dêlêngên iki kêbês kabèh |
--- 113 ---
ora udan-udèn têka banjir | ngêlêbi kang gisik | priye iki mau ||
11. apa bêdhah bêndungan ing nginggil | kang sinabdan gablog | wong tinanya dadak angêtèprès | wadon jarwa iki Dyan Mas Gusti | Suripta kang dadi | kondhanging kêkidung ||
12. dene ingkang acakêt nèng wuri | dhongoh bagus anom | Rahadèn Mas Sarsaban asmane | prênah paman lawan sang apêkik | tur maksih taruni | srêgêp ngudi kawruh ||
13. nêngna wau kang rêrasan sami | gantya ana katon | rêmbaya gêng wolu pambêlahe | sinung dwaja canthik ngarsa wuri | sutra warna katri |
--- 114 ---
gêdhah rêkta pingul ||
14. kang pambêlah busana marnani | caping capu tinon | jinumbuh lan bandera pulase | tuwin wontên kèn ngidung rêrêpi | rarasira kadi | kandhuhan larangkung ||
15. wadon kang wus wikan jawil-jawil | kalo-kalo katon | sang nararya putra titihane | tamatêna ing mêngko kang warni | apa ta kang dadi | prabedaning sêmu ||
16. lawan para satriya kang uwis | padha sira tonton | gya sumaur ing ngêndi prênahe | kangjêng gusti musthikaning sigit | rowange mangsuli | ya ing têngah iku ||
17. kang angrompol kabèh iku sami |
--- 115 ---
kadeyan sang anom | dene ta wong kang ngêngidung kiye | juru swaraning rama jêng gusti | wartane kang nami | iku Rara Wijung ||
18. kang ayun wruh êndi ta sang pêkik | apa kang mancorong | ika ana ing têngah lênggahe | muncaring kang cahya sun tingali | anglir sitarêsmi | prabane anawung ||
19. kadyanggane kang purnamasidi | cahyane sang anom | layak minah ika kèh solahe | baya sêlak kasulapên ngaksi | êmar milar nêbih | têmah tibèng prau ||
20. kaprabawan ujwalèng sang pêkik | si mina salah ton | bawur kuwur saparan-parane |
--- 116 ---
rowang nabda basan sira iki | ngalêm tarunaning | sang nararya sunu ||
4. Sinom
1. marmane para satriya | kang padha ambêk utami | amiguna sarjanèngrat | ngenaki tyasing sêsami | ujare kuna nguni | yèn ana satriya agung | darbe ambêk mangkana | Hyang Suksma ya nugrahani | kang darajat urube nyrambahi praja ||
2. lah ngêndi para satriya | darajate kaya iki | kawêntar kentar wraningrat | wèlèh-wèlèh ngong winêling | marang si bapa nguni | saiki kang lagi kombul |
--- 117 ---
drajating kasatriyan | sapraja mung siji iki | antarane momot amot ing wardaya ||
3. wus lêpas lampahing palwa | kunêng kang samya ningali | wau ta kang winursita | jêng gusti nararya siwi | karênan aningali | lêlangên urut ing ranu | pasêtrèn patêgalan | asri samya dèn tanêmi | jali jèpèn juwawut ruwêd ronira ||
4. jarak bêra pêrak sata | satata timun karai | sêmôngka sumingit patra | kacang kancuh kara uris | sasêlane sinêling | katela katub ing ladhu | jagung jajar banjaran | juwêt sabawaning pêksi |
--- 118 ---
jalak cocak amencok mêncit wurahan ||
5. lagyandon andum wowohan | barung swaranira atri | sawênèh ingkang kukila | mangsah masin tlisik gisik | kang panthan pathuk kèksi | sawênèh ana maniyub | ngeyub mring pajagungan | kang tunggu grêsah gusahi | ngoprak-oprak ing goprak pating karopyak ||
6. lêpas lampahe kang palwa | samana kasaput ratri | sambung ting pating kalêncar | obor mubyar nuksmèng warih | antara têngah wêngi | nararya putra wus rawuh | ing watês paserenan | pradôngga munya nyêndari | angrêrangin kapyarsa saking mandrawa ||
7. wau sang nararya putra |
--- 119 ---
rèhne sampun madya ratri | dadya nyare nèng baita | tan karsa rinêksèng dasih | mêmalat mrih samadi | marma mèt papan kang samun | minta Hyang winênangna | lêlangên anèng banawi | jroning suka kinalisna dukacipta ||
8. ing ratri tan kawursita | wus anggagat bangun enjing | mega bang wetan sumirat | sunaring baskara mijil | amung swaraning pêksi | barung lan jago kaluruk | kandhang kang pinêthokan | mimbuhi ing swara asri | sang nararya putra wungu saking nendra ||
9. tumingal mring antariksa | miyarsa swaraning pêksi | sabèng kusambi sabawa |
--- 120 ---
sumawana kang kudhasih | nglêlamat munya têbih | swaranira nganyut-anyut | kadi asung sasmita | luwaring puja samadi | wus pinarêng lêlangên rumpon narmada ||
10. byar raina kawistara | sawataraning parabdi | kang sami samêktèng palwa | sawisayanira tirip | tarap aturut pinggir | dhêdhêg nyêdhak widhe kêmput | puput pêpêt mèt papan | nararya putra ningali | sukèng driya sumahab ing para wadya ||
11. nahênta ingkang winarna | sang iswara putra mangsit | mring juru pambêlahira | karsa ningali manginggil | sandika lajêng mudhik |
--- 121 ---
amung têkèng limang tikung | wangsul milir lon-lonan | rawuh pacangkraman malih | sigra ngatag mring patuh pangagêng desa ||
12. kinon sami nglêkasana | sandika ingkang tinuding | ondhang mring rowang rumagang | gumrêgut cakut ing kardi | angubrês bêbrêsihi | raming rêrumpon wus rampung | tinungka lêbêtira | palwa wisaya umanjing | galur sêlur sawega milih sasana ||
13. juru silêm pira-pira | kang kapara wêgig julig | bêdholi pathok nèng toya | rungkat karangkat barêsih | barêngan barak êri | rungkat rêngkête karangkut | puyêngan minantaya |
--- 122 ---
milar sumilir lir grimis | wadêr andêr midêr kèdêran wisaya ||
14. palung bilulung kalangan | kalalèn kelut kalinglin | urang watang nèng prabatang | dhêmpèng dhêpès kapalipit | tagèh wagal kaguling | ginagap kêna binêkuk | mring Kyai Ranudôngsa | sinaosakên mring gusti | duk kênane mina sinurak wurahan ||
15. tumandang dan abipraya | jala jaring sèsèr sundhit | sungsun sêsêg asap-sapan | karakat ngrukêt ngrakêti | mina kèh kang wus kêni | wuri katawur sumawur | balurut kacêgatan | ing widhe kèngkèng ngubêngi | pacal mancal jola kagyat kênèng jala ||
--- 123 ---
16. milar silar sing wisaya | sinurak gumuruh atri | sagung kang para satriya | sukèng tyas dènnya ningali | tan wontên cuwèng kapti | amung jêng nararya sunu | kamiwêlasên mulat | mring mina kang amrih urip | dhawuh para wisaya sami kèndêla ||
17. wong agung tindak samana | mring pakuwon kang tan têbih | lan ing kêdhung parumponan | lawan ingkang para ari | santana miwah dasih | buja drawina anutug | sunggata pira-pira | lumèbèr praptèng pakathik | suprandene ing wuri maksih kèh prapta ||
--- 124 ---
5. Pangkur
1. pambêlah mawijah-wijah | sinaludhah pinradhahing saari | tumpêng tumpa tumpêk tumpuk | lêlawuh luwih murah | saji-saji sumaji nèng panjang munjung | apanjang yèn winuwusa | praptêng wanci pukul kalih ||
2. sang winong wadya tantara | tindak palwa sawadya lan para ri | mudhar tambang karsa kundur | gêlaring lampah kadya | datan ewah ing nguni duk tindakipun | kinurmatan ing pradôngga | angklung cumêngklung ngundhangi ||
3. jirap kumêrap kang palwa | gêlêng golong sagolongan pribadi | ing lampah sajuru-juru | tan ana wor-winoran | alon-lonan lêlahan lêlangên ranu |
--- 125 ---
kathah sri kang kawistara | antaraning kang banawi ||
4. parang rong sirung kasêrang | tirta wantêr rêrungkut gêtêr kentir | kentare kadi tumuntur | kèlu sang alêlana | wênèh parang anèng samadyaning kêdhung | isthane kang parang kadya | dirada anjrum ing warih ||
5. anata roning sêsobrah | kabarubah ngubêngi kang gêgisik | kali maro ilinipun | kang pasir katon pêthak | sri kawuryan saking mandrawa wèh yungyun | isthane duk cinêdhakan | pindha ing pulo Manjêthi ||
6. mangkana wursitanira | ana manèh roning kintaka kèksi | tumangkar kang sêkar mawur | kasilir samirana |
--- 126 ---
yayah kadya atur gônda mring kang rawuh | pindha ngadhang panambrama | mring kang lêlangên nut warih ||
7. nglamat lumut kawistara | bêntar kentar katêran tirta mintir | angintir-intir tumuntur | nut lampahing baita | yayah kadya kelut adrêng kumacèlu | kalayu nut lumaksana | saanane lumut kèksi ||
8. nulya ana tiris dênta | manglung kêdhung nêdhêng lagya andadi | sumunar jênar kang pupus | papah kadi pêpêsa | ana cêngkir sumingkir gêngnya saukur | bêngkêr kadya kang kêkêran | karênan ingkang ningali ||
9. bêlik katon nèng bêbulak | wrêksa bêlêg gêng-agêng angayomi | wit lêmpêng sapêluk-pêluk |
--- 127 ---
pêksi kèh munyèng tawang | êngkuk ngukuk anèng êpang mangkruk-mangkruk | balak balêkok kang prapta | têmah mire pang kapering ||
10. rame swaraning kukila | ana tekang brêkutut kapiyarsi | amanggung agêng tur ukung | mencok nèng êpung[2] ngongkang | ing jêjurang ngisor kèh êri sumêrung | srawungan kongkang ngumandhang | nèng ronging padhas kang gawing ||
11. lir sêsanti sêsalahan | kusung-kusung manungsung kadi muji | karaharjaning wong agung | kang lagya acangkrama | saha wadya rahayua praptèng dunung | ayya kasangsayèng marga | mangkono isthane sami ||
12. lastari ing lampahira | surêm nglarab Hyang Arka manjing wukir |
--- 128 ---
lamat-lamat angêlangut | dwaja wus kinêlêtan | katon abyor panjuta pating palancur | sinrang sru lampahing palwa | ing Bacêm wong agung prapti ||
13. marpat wadya mêthuk rata | myang panjuta sêsuluh abyor kèksi | suka pra satriyandulu | wong agung sigra-sigra | mandhap saking palwa nitih ratanipun | sawadya santana samya | kêbut datan ana kari ||
14. wus rawuh sajroning praja | sang nararya putra lan para ari | myang wadyanira sawêgung | tumêdhak saking rata | praptèng dalêm kathah kang sami amêthuk | prasamya warta-winartan | ing rèh amanggih basuki ||
15. pinunggêl laguning gita |
--- 129 ---
ginupita Mangkunagaran nagri | Sukra ping nawa lèk nuju | Saban ingkang candrama | warsa Ehe sangkalanira duk ngapus | nyatur kombuling sarira | Jêng Pangran Iswarasiwi ||


0 komentar:

Posting Komentar

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More